Guyon tukang becak di Pasar Beringharjo Jogja
Nyang-nyangan Rego Becak
Ceritane mbah putri bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak. Nyang-nyangan karo tukang becake.
Simbah: “Pak, 5.000,- purun nggih ?”.
Tukang becak: “Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah..”
Simbah : “Emoh ah, 5.000 wae to…!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo…”
Tukang becak: “Mboten saget mbah… Nek 10.000 nggih kulo purun..”
Mangkel mergo tukang becake ra gelem ngedukke rego, akhire simbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak.
Simbah ngedumel: “Nggih pun, tak bayar 10.000.!!”
Pas neng dalan…
Tukang becak: “Mandap pundhi, mbah?”
Simbah: (Meneng wae…)
Tukang becak: “Lha niki mandap pundi, mbah…???”
Simbah: “Kan wes tak omongi dek mau… Nek 5.000 mengko tak duduhi dalane… Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEKONO DEWE…!!
Kapokmu kapaaan..
ðŸ¤ðŸ¤ðŸ¤